Angon Wedhus

April 28, 2009 by Winarto  
Filed under Banyolan

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
“Yo lumayan ” jare si Mbah
“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh. “Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wedusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”

Sumber: http://www.untuksemua.com

Comments

2 Responses to “Angon Wedhus”

  1. andi_senturi on April 29th, 2009 11:40 am

    wonokairun, ha..ha..ha..
    banyolan-ne cah2 suroboyonan,
    mbaca bukunya susah je, soalnya boso-ne suroboyo & madura.

  2. Winarto on April 29th, 2009 12:37 pm

    @mas Andi: kasi input dong untuk banyolan ne solo an :-)

Feel free to leave a comment...
and oh, if you want a pic to show with your comment, go get a gravatar!
Oh ya, almost forgot, please write your name and your class-year at the end of your comment

You must be logged in to post a comment.